Ana ing mriki klarifikasi kepingan Pengerten lan Jenise Tembang, Mangga disimak lan pahamake !!!
Pengerten Lan Jenise Tembung
Pengerten TembungTembung kaperang dadi loro :
1.Tembung lingga: sakabehe tembung kang durung owah saka asale(kata dasar)
Tuladha tembung lingga: lunga, meja, pangan.
2.Tembung andhahan: sakabehe tembung kang wis owah saka asale (linggane).Tembung lingga owah dadi tembung andhahan amarga :
– oleh ater-ater (awalan) tuladha : dijiwit > di + jiwit
– oleh seselan (sisipan) tuladha : tinulis > tulis + seselan –in-
– oleh panambang (akhiran) tuladha: renea > rene + a
– dirangkep (diulang) tuladha: nesu-nesu (dwilingga), lelungan (dwipurwa), ubang-ubeng (dwi lingga salin swara), nyengingis(dwiwasana)
Wujude ater-ater:
1. Ater-ater hanuswara > m-, n-, ny-, ng-
Tuladha :
Bapak mundhut sepedha motor. → mundhut: m- + pundhut
Kadang Tani wayahe padha nandur pari, → nandur: n- + tandur
Pak Dhe ngundhuh kambil. → ngundhuh: ng- + undhuh.
LSP.
2. Ater-ater tripurusa: dak-, kok-, di-
Bukune dakgawa lho! → dakgawa: dak- + gawa
Apa kang koktulis iku? → koktulis: kok- + tulis
Tase digawa Tari. → digawa: di- + gawa
3. Ater-ater liyane: sa, pa, pi pra, tar, pan, kapi, kuma.lly.
BASA ING KASUSASTRAN
1. Tembung saroja
Tembung saroja iku tembung loro kang padha tegese dianggo bebarengan
tuladha: tumpang tindhih, dana driyah, mukti wibawa, tingkah laku
2. Tembung yogaswara
Tembung yogyaswara iku tembung kang ngresepake, amarga kepenak dirungokake.
Tuladha: dewa-dewi, apsara-apsari, kedhana-kedhini
3. Tembung garba.
Tembung garba yaiku nggandheng tembung loro utawa luwih kanthi cara nyuda cacahing wanda (suku kata).
Tuladha :
narendra → nara + endra
lagyantuk → lagi + antuk
dupyarsa → dupi + arsa
kapyarsa →kapi + arsa
4. Tembung rura basa
Rura basa: tembung kang sajatine luput, nanging amarga dianggo terus mula banjur dianggep lumrah
lan bener.
5. Tembung kerata basa.
Tembung kerata basa negesi tembung kanthi cara diothak-athik tegese dadi mathuk/cocok
Tuladha :
krikil → keri ing sikil
tandur → ditata karo mundur.
6. Tembung entar.
Tembung entar iku tembung kang ora dapat ditegesi mung sawantahe/apa anane (kata kias)
Tuladha:
lobok atine → sabar
dawa tangane → seneng njupuk darbeking liyan.
7. Tembung Paribasan.
Paribasan iku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kias) tetembungane wantah
(lumrah), ora nganggo pepindhan (gegambaran).
Tuladha:
Ana catur mungkur → ora gelem ngrungokake rerasan ala,
Desa mawa cara negara mawa tata → saben papan duwe adat/tata cara dhewe-dhewe,
Becik ketitik ala ketara → tumindak ala lan becik iku bakal ketara tembe mburine.
8. Tembung bebasan
Tembung bebasan unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges entar (kias) mawa pepindhan
(gegambaran) kewan, barang, kahananing digambarake sipate wong.
Tuladha:
Nabok nyilih tangan → tumindak ala kanthi kongkonan
Emban cindhe emban siladan → ora adil/pilih kasih
Rebut balung tanpa isi: padudon jalaran barang sepele.
9. Tembung saloka
Tembung saloka iku unen-unen kang ajeg panganggone mawa pepindhan (gegambaran) kewan,
barang, utawa kahanan, kang dipindhakake wonge lan tembunge sing dadi pepindhan dumunung ing
ngarep ukara utawa dadi jejer
Tuladha:
Jati ketlusupan ruyung → golongane wong apik kelebon wong ala
Idu didilat maneh → murungake kesepakatan kang wis diucapake
Belo melu seton → melu grubyak grubyuk ora ngerti karepe.
Kajaba iku, ing bahan sing saya dapat aplikasi definisi yaiku Pengerten Lan Jenise Tembung, uga migunani kanggo sampeyan semua.Terimakasih
0 Komentar
Penulisan markup di komentar